Jenisnya kalimat/ jinising ukara ning bahasa jawa iku ana 4
ukara yaiku : Andharan utawa cerita, Ukara pitakon, Ukara pakon, lan ukara panguwuh, Brikut pengertiane lan contohe:
Jenising Ukara - Pelajaran bahasa jawa
Apa pengertiane ukara (kalimat) andharan ? kalimat andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .
Tuladha (Contohnya):
a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
b. bapak tindak dhateng kantor
Apa sing dimaksud ukara pitakon ? Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
Tuladha (contohnya):
a. Sampeyan mundhut napa?
b. Bapak dhahar apa?
Apa sing dimaksud ukara pakon utawa kalimat perintah ? Ukara uakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.
Tuladha:
a. Ngaliha!
b. Sinau sing sregep!
Apa sing dimaksud ukara panguwuh urawa kalimat seru ? Ukara panguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembun panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.
Tuladha:
a. Horee.. aku oleh biji satus !
b. wow, apike montore !
Sekian artikel saking
febrian.web.id dengan judul
Jenising Ukara - Pelajaran bahasa jawa . Semoga bermanfaat bagi semua trimakasih Jenising Ukara - Pelajaran bahasa jawa
loading...
buku pelajararn untuk SD,buku pelajararn untuk SMP,buku pelajararn untuk SMA,Soal-Soal Ujian Anak Sekolah,Kumpulan Makalah Ujian
buku anak sekolah,Buku Bacaan,Buku Cerita,Buku Soal Ujian,Makalah,Buku Pustaka,Buku Nasional
Artikel Terkait