Febrian.web.id hari ini saya memposting tentang artikel bahasa jawa dengan bab diskusi. bahasa yang saya gunakan adalah bahasa jawa karena saya memposting artikel bahasa jawa. berikut artikel tentang Bab Diskusi Bahasa Jawa - Prinsip lan etika diskusi .
Pengertian diskusi : diskusi yaiku cara tukar pikiran utama ijpl panemu antarane wong loro utawa luwih supaya oleh tambahan ilmu kang dikarepake.
Kang nindakake diskusi yaiku :
1. Ketua diskusi utawa moderator tugase:
a. ngomokake masalah kang arep didiskusikake
b. Maca tata tertib diskusi
c. Njaga lakune diskusi
d. ngatur lakune diskusi
e. gawe rangkuman diskusi
2. Sekretaris utawa notulen tugase:
a. nyathet peserta diskusi
b. nyathet bab kang wigati
c. nyathet kesimpulan sawetara
d. Gawe laporan sawise diskusi rampung
3. Peserta diskusi tugase:
a. Nanggepi materi kang dibahas ana ing diskusi
b. menehi seserepan bab kang dibahas ana ing diskusi
c. Matuhi tata tertib wektu diskusi diwiwiti nganti paripurna
d. Njupuk pangerten ana njroning asile diskusi
Dadi peserta diskusi sing apik yaiku :
Peserta diarani nduweni peran aktiv ing diskusi, yen dheweke gelem ngrungokake apa kang disampekake dening narasumber utawa sregep menehi tanggapan lan pitakonan. Amarga diskusi bisa mlaku kanthi lancar yen pesertane bisa ngajokake pitakonan lan tanggapan.
Ngaturakake argumentasi ing diskusi
Ngajokake pitakonan utawa pertanyaan ing diskusi ora angel nanging uga ora gampang yen pesertane mangerteni prinsip prinsip diskusi. Apa wae prinsip prinsip diskusi ? (apa saja prinsip prinsip diskusi) yaiku :
A. Yen ngajokake pitakonan sawise moderator menehi kesempatan, aja nganti nyelani nalika narasumber njelasake.
B. Pitakonan sing ditakokake kudu cocog karo topik kang lagi didiskusikake.
C. Wayah menehi pitakonan kudu nyebutake identitas luwih dhisik lagi takon.
D. Pitakonan kudune disusun kanthi ukara kang singkat lan gampang dimangerteni
E. Migunakake basa kang sopan
Urut urutane yen ngalsanakake diskusi:
1. Mbentuk kelompok diskusi kang cacahe loro utawa luwih
2. Milih topik masalah kang narik kawigaten
3. Nemtoake sapa kang dadi moderator lan notulen
4. Menehi panemu kanggo mecahake masalah kang lagi diadhep
5. nyimpulake asile diskusi
6. Gawe laporan asil diskusi
Matursuwun. Semoga artikel yang saya berikan bermanfaat bagi anda dan lainya. Mari baca artikel bahasa jawa lainya di febrian.web.id :
Bahasa jawa
loading...
buku pelajararn untuk SD,buku pelajararn untuk SMP,buku pelajararn untuk SMA,Soal-Soal Ujian Anak Sekolah,Kumpulan Makalah Ujian
buku anak sekolah,Buku Bacaan,Buku Cerita,Buku Soal Ujian,Makalah,Buku Pustaka,Buku Nasional
Artikel Terkait